Laporan Wawanrembag
babagan “WIRAUSAHAWAN”
1.
Dina, tanggal : Kamis, 9 September 2013
2.
Wanci
:
3.
Narasumber : Bapak Sumadi
Usia : 44 taun
Pegawean : Usahawan kontraktor Alat berat
Lare :
2 (1putra-1Putri)
4.
Pewawancara : a. Laras Kusumawardani
b. Nofia Robiyatun
c. Riza Fitri R
d. Wiwin Widyaningsih
5.
Hasil Wawanrembug
Wawanrembug kaliyan Usahawan
Bapak
Sumadi menika usahawan kontraktor alat berat ingkang ndalunipun namung karyawan.
Nanging amargi kegigihanipun seniki Bapak Sumadi dados usahawan sukses ingkang
ngasta PT Daya Cipta. Inggih menika wawanrembugipun kula kaliyan kanca-kanca
datheng beliau.
Wiwin
: Asssalamu’alaikum, Sugeng enjing pak, kula
lan kanca-kanca menika siswa SMA N 1 Ajibarang badhe nyuwun wekdal panjenengan kangge
wawanrembug usahanipun bapak kangge tugas saking bapak guru, punapa saged pak ?
Pak
Sumadi : Nggih mangga.
Nofia
: Ingkang kaping setunggal
kula kepengen ngertos identitase bapak. Asmanipun bapak punika sinten nggih ?
Pak
Sumadi : Namane kula Bapak Sumadi.
Riza : Bapak sampun gadah garwa lan
lare menapa dereng ? Lan wonten pinten ?
Pak
Sumadi : nggih kula sampun gadah lare
2 lan garwane nggih namung setunggal.
Laras : lah yuswanipun bapak pinten ?
Pak
Sumadi : Umure bapak sampun 44 taun.
Wiwin : Nah seniki bapak saweg ngasta
usaha nopo ?
Pak
Sumadi : Usaha bapak seniki
kontraktor alat berat, ingkang diwiwiti saking taun 2006 dugi seniki taun 2013.
Nofia : oh sampun dangu nggih
pak, lah ingkang pertama modalipun bapak kangge usaha menika pinten lan saking
pundi ?
Pak
Sumadi : Ya modal pertama wekdal menika mung 40juta kangge kredit alate. wekdal menika se-alate regane 185juta. Berarti bapak
aweh kredit uang muka 40juta kangge 2tahun pas menika nggih teksih nol gede,
istilahe nggih usaha dereng wonten hasile. Lah 2taun menika saged lunas. Dateng
bose diparingi 2 kredit malih amarga dipercaya dateng bose lan jumlah regane
460juta wekdal menika bapak nyekel duit satus juta dados total utange bapak 360
juta lan sambi njalanake usahane, bapak bisa setor, lan dugi tahun 2013 kie
bapak due omset 1,1 miliyar. Nah siki alate bapak due 7unit.
Laras : Berarti supados saged sukses
kados menika, usahanipun bapak saking nol nggih pak. Lah sederengipun usaha
kontraktor kados menika usahanipun bapak dados napa pak ?
Pak
Sumadi : Sederenge bapak usaha dados
kontraktor bapak kerja dados mekanik alat berat. Tapi amargi dipercaya dateng
bose, bapak di angkat dados pimpinane.
Riza : Lah seniki bapak sampun gadah
karyawan pinten lan tugasipun napa mawon ?
Pak
Sumadi : kira-kira bapak gadah
karyawan 10 lan tugase bidang operator alat besar lan mekanik alat besar.
Operator kerjane mengendarai alat besar.
Wiwin : Lah usahanipum bapak menika wonten
pundi ?
Pak
Sumadi : Usahane bapak nang daerah
Lipo Cikarang. Nama perusahane Daya Cipta, usahane bapak teksih wonten dateng
naungane perusahaan bose bapak, dados teksih manunggal kaliyan usahane bapak
sing sedurunge.
Nofia : Punapa ingkang dados sebab
panjenengan milih usaha punika Pak ?
Pak
Sumadi : ya menungsa uripkan kan
istilahe pengin wonten kemajuan, lan wonten kesempatan kangge usaha menika
amarga dinei kredit alat lan anggaran saking bos gedene.
Laras : Proses kerja wonten perusahaanipun
bapak menika kados nopo pak ?
Pak
Sumadi : Mbuka lahan kangge mbangun
irigasi, perumahan lan macem-macem lah, namane ugi alat berat.
Riza : Sedoyo usaha ugi wonten
pasang surutipun nggih pak. Lah tindakanipun bapak kangge ngadepi surutipun
usaha kados menapa pak ?
Pak
Sumadi : Usahane bapak kanggo
ngadepi surute usaha nggih damel program kerja. Kados usaha
pertanian ingkang digarap garwane bapak, menawi usahane bapak sampun stabil
malih artonipun di wangsulna.
Wiwin : Oh kados niku pak. Suka dukanipun
bapak usaha menika pripun Pak ?
Pak
Sumadi : Senenge dados usahawan
menika menawi saweg wonten maju nggih pendapatane ugi tambah, benten kaliyan karyawan ingkang
gajine tetep. Dukane nggih menawi tagihane mboten cair lan kangge tumbas sparepart.
Nofia : Pesen-pesenipun bapak kangge
muda-mudi seniki kados pundi Pak ?
Pak Sumadi :
Pesenipun bapak dateng para muda-mudi nggih sami sekolah ingkang leres, ngadoih
narkoba lan miras. Ugi menawi wonten masalah nggih dirembug sareng-sareng
kaliyan orangtua.
Laras : Nggih matur nuwun sanget pak
sampun maringi wekdal lan informasi dateng kula lan kanca-kanca sedaya.
Mugi-mugi usahanipun bapak saged lancar. Cekap sementen mawon Pak, mbok bilih
kula lan kanca-kanca katah kalepatan nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar